Kocap kacarito ono ing negoro Lucuguyu. Negoro kocar kacir rakaruan parake. Pelajar podo tawuran, gelut. Pemudane podo kecanduan narkoba lan mabuk mabukan. Saben dino demo arak arakan mergo rakyat podo ora marem marang Rajane
Raja : Kakang patih…….
Patih : Dawuh kasinggihan gusti
Raja : Ono lakon kok koyo mengkene iki piye kakang
Patih : gusti, kawulo mboten saget matur punopo-punopo
Raja : Delengen kuwi, bocah nom-nom podo mabuk mabukan,teler ngono kuwi piye kakang
Patih : Sedoyo dawuhipun kanjeng ratu sampun kulo tindakaken, namung hasilipun kados mekaten puniko
Raja : Lho kae opo meneh kakang
Pelajar Podo tawuran malah ngiyak – ngiyak rajane.
Raja : lagi weruh iki aku, rojo diiyak iyak koyo ngene, mentri pendidikan
Menteri : Dawuh gusti……
Raja :Piye guru guru kae anggone podo mulang….
Menteri : mboten kirang-kirang poro guru anggenipun mucal kesaenan
Raja : lha kok dadine koyo ngono
Menteri : Menikolah gusti, amargi dereng siapipun wargo kito nampi globalisas, wonten sing luwi parah malih timbang puniko…
Raja : opo iku kakang……
Menteri : Meniko do nonton film………..
Raja : wehhhhhhhh ( Raja terkejut dan ahirnya jatuh, mati karena penyakit jantung}
Pantas saja masyarakatnya kocar-kacir lha wong ternyata rajanya mentalnya lemah.
Kritikan yang bagus, benar-benar menggambarkan keadaan masyarakat kita yang sebenarnya. Cuma bedanya sang raja tidak mati karena terkejut.